WordPress dalam bahasa Jawa

5 12 2007

Alhamduilllah, sak meniko kulo sampun kelar anggenipun ndamel “plugins” kagem WordPress. Plugins meniko inggih kagem ndamel WordPress panjenengan supados tampil mawi cara Basa Jawi.

Sejatosipun ide meniko malah pikantuk saking panjenenganipun Kangmas Jay, ingkang sampun paring kawruh angenani cara lan urut-urutanipun lampah babagan ndamel plugins meniko. Pramilo, kulo hangaturaken sak gunging panuwun dhateng panjenganipun Kangmas Yulian Firdaus.

Nah, mboten sah kekathahen rembag, ing ngandhap meniko kulo badhe mbeberaken lampah ingkang kedah pun lakoni supados saged ngginakaken WordPress mawi boso Jawi, sumonggo:

  1. Kulo aturi panjenengan ngundhuh file/berkas meniko: http://rony.dgworks.net/uploads/jv.mo
  2. Saklajengipun, monggo file/berkas meniko panjenengan kopi, lajeng pun panggonaken dhateng folder “wp-includes/languages”,
  3. Lajeng monggo mbikak file “config.php” ingkang wonten ing direktori instalan WordPress panjenengan. Monggo dipun bikak mawi notepad kemawon. Lajeng monggo pun gantos tulisan ingkang kaserat define (’WPLANG’, ”); dados define (’WPLANG’, ‘jv’);
  4. Sampun cekap! )

Mbok bilih panjenengan anemahi basa ingkang kirang prayogi, mugi kerso kontak kulo wonten ing mriki. Inggih mugi dadosno pamrikso, kulo ndamel plugins meniko piyambakan, gek berkas ingkang kedah kulo owahi meniko wonten 5846 larik, milo wajar mbok menawi wonten ingkang kirang mranani ing penggalih. )

selengkapnya bisa dibaca di http://rony.dgworks.net/


Tindakan

Information

Satu tanggapan

1 01 2008
suband

Salam kenal Mas Rony.

Mugi2 napa ingkang dados asilipun mas rony sambet kaliyan ‘plugin’ menika, saged migunani tumrap warga ‘dunia maya’.

- tangga desa

Tinggalkan komentar